Laman

Selasa, 16 Maret 2010

Cakepan Sekar Macapat


Cakepan Sekar Pangkur :
“Ngimpi Dadi Ratu”
Karipta dening Ki Sugeng Subagya

Sinten wonge mboten gela,
Nembe ngimpi jroning tilem hanglilir,
Ing pangimpen dados ratu,
Ratugung binathara,
Sugih bandha sugih bandhu mubra mubru,
Sinuyudan kawula,
Kanan kering para putri,

Emane amung nyumpena,
Mendah eba yen kelakon sayekti,
Dados ratu bathara gung,
Kumbul ing panguwasa,
Tebih tumiyung ingkang celak tumungkul,
Tanpa ginebag perang,
Gesang mulya pejah mukti,

Dipun tembangaken Ki Ngabdul, Nyi Purwanti, lan Nyi Endah Laras ing Giyaran Pangkur Jenggleng TVRI Yogyakarta, Senin 15 Maret 2010.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar