Laman

Rabu, 20 Juni 2012

Macapatan :


Cakepan Sekar Pangkur :

“Ki Hadjar Dewantara”
Cakepan sekar pangkur rinipta dening : Ki Sugeng Subagya
Kangge Mengeti “Hari Pendidikan Nasional”



Sampun mratah diuninga,
Timuripun asma Den Mas Suwardi,
Suryaningrat ramanipun, 
Darah Pakualaman,
Sulih asma gangsal windu petangipun,
Pengetan saking binabar,
Miterat petangan jawi.

Binarung piniji karsa,  
Pratandha wus dumugi titi wanci,
Pinandhita satriya gung,
Mbengkas angkara murka,
Saranane nggulawenthah tanem tuwuh,
Tinanem jiwa merdika,
Rinabuk pitutur jati.

Jatine bangsa merdika ,
Lepas pangreh durung cukup negesi,
Kuwat kwasa dadi sangu,
Mandhireng samubarang,
Tan gumantung liyan ndrayan cekel butuh,
Ngrakit saranane mobah,
Pandonga sarana mosik.

Ing ngarsa asung tuladha,
Mangun karsa yen ing madya ngepasi,
Tut wuri salajengipun,
Handayani sumagah,
Ugerane para dwija among sunu,
Uga pangemban praja,
Tan kantun satriya nagri.
  

Sinerat  ing  Museum Dewantara Kirti Griya Ngayogyakarta, 26 April 2011.

·         Ki Sugeng Subagya, Pamong Tamansiswa ing Ngayogyakarta. 

Macapatan :


Cakepan Sekar Pangkur :

 Ngudi Ngelmu
Dening : Ki Sugeng Subagya

Angudiya kepinteran,
Mula angel mbaka sithik sethithik,
Jarwane kangelan iku,
Dalan gampang wekasan,
Sampun pinter datan bisa binanjut,
Ilange barengan sukma, 
Sukma ilang taksih aji,

Ngudi marang kepinteran,
Kudu sabar tawakal tekun tuwin,
Temen sumaguh mituhu,
Sangu bandha ramingsra,
Gedhe karsa pancatan wuru ngelmu,
Golek geni adedamar,
Ngangsu toya sangu warih,

Seje ngelmu seje bandha,
Ngelmu badhe rumeksa  kang ndarbeni,
Mangka lamun bandha kudu,
Ingkang gadhah rumeksa,
Bandha kirang adedana binarung,
Dana ngelmu ra kelangan,
Saya sugih mumpangati,





Ki Sugeng Subagya
Pamong Tamansiswa ing Ngayogyakarta

Senin, 18 Juni 2012

Macapatan :

Cakapen Sekar Pangkur :

 Luru Kepinteran
Dening : Ki Sugeng Subagya

Angudiya kepinteran,
Mula angel mbaka sithik sethithik,
Jarwane kangelan iku,
Dalan gampang wekasan,
Sampun pinter datan bisa binanjut,
Ilange barengan sukma, 
Sukma ilang taksih aji,

Ngudi marang kepinteran,
Kudu sabar tawakal tekun tuwin,
Temen sumaguh mituhu,
Sangu bandha ramingsra,
Gedhe karsa pancatan wuru ngelmu,
Golek geni adedamar,
Ngangsu toya sangu warih,

Seje ngelmu seje bandha,
Ngelmu badhe rumeksa  kang ndarbeni,
Mangka lamun bandha kudu,
Ingkang gadhah rumeksa,
Bandha kirang adedana binarung,
Dana ngelmu ra kelangan,
Saya sugih mumpangati,



Ki Sugeng Subagya
Pamong Tamansiswa ing Ngayogyakarta