Laman

Senin, 16 Agustus 2010

Cakepan Sekar Macapat

“Duh Gusti Katampiya Tobat Kawula”

Karipta dening :

Ki Sugeng Subagya

Duh Gusti kang maha kwasa,

Maha mirah welas asih sayekti,

Luber ing kadarman tuhu,

Kawula anglenggana,

Mungkur saking pitedah sinartan kufur,

Laku nistha kebak dosa,

Nerak awisan wis mesthi,

Duh Gusti kula mertobat,

Tampi panguji tan kuwawi nyanggi,

Estu awrat sakelangkung,

Pemut kersa paduka,

Tinebihna walat ing salajengipun,

Punika sambat kula,

Mugi Gusti ngijabahi,

Duh Gusti enggal binuka,

Lawang tobat pangapura katampi,

Kori jahanam tinutup,

Swarga loka ingajab,

Pasrah lan sumarah ing pepadanipun,

Hidayah kaparingna,

Tumrap kula ingkang ringkih,

Duh Gusti Pangeran kula,

Paduka sesembahan mung sawiji,

Datan wonten sanesipun,

Kang saged mangapura,

Sedaya dosa lawan lepat ulun,

Sampun pasrah sumarah,

Ing pangajab wangsul fitri,

Ngayogyakarta, 1 Oktober 2006

Dipun tembangaken Ki Ngabdul ing Giyaran Pangkur Jenggleng TVRI Yogyakarta, Senin 16 Agustus 2010.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar