Laman

Kamis, 05 Agustus 2010

Cakepan Sekar Macapat


Sugih

Cakepan sekar pangkur rinipta dening :

Ki Sugeng Subagya

Dunungipun darbe bandha,

Aja sira rumangsa sampun sugih,

Senadyan bandha tinumpuk,

Durung sugih winastan,

Temenipun sugihira kang satuhu,

Sepira amal jariyah,

Binage dhateng sesami,

Bisa sugih tanpa bandha,

Sugihipun den wilang mawi pakerti,

Pakertine budi luhur,

Ngudi gesang sekeca,

Sekecane sesarengan wekasipun,

Datan kenging suminggah,

Pasrah paringipun Gusti.

Sinerat sangajenging Monumen 1 Maret Yogyakarta.

27 Juni 2010.


Dipun tembangaken dening Ki Ngabdul ing hadicara Pangkur Jenggleng TVRI Yogyakarta ingkang kagiyaraken dinten Senin surya kaping 19 lan 26 Juli 2010.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar