Laman

Senin, 25 Januari 2010

Adiluhung


Pindha Ngasta Curiga Ligan
dening : Ki Sugeng Subagya

NGASTA curiga utawa keris ligan yen disrapat wantah bisa diarani lumrah. Keris ligan iku keris sing ora mapan ana warangkane, mula ora bisa dienggo pinangka jangkeping ngadi busana. Lumrahe, wong ngasta keris ligan iku lagi ana ing suasana peperangan, utawa lagi kebranang atine, klebu wong sing bunek pikire arep nglalu umpamane. Kosokbaline, keris sing mapan ana warangka diagem ing suasana mirunggan, kahanan kang tentrem malah kepara diagem nglairake rasa sengsem ing kaendahan saha luhuring budaya.

Surasa wantah sing cethek kaya mengkono iku ora luput, jalaran tata lair pancen kaya mengkono kahanane. Nanging tumrap bebrayan, utamane kanggo wong sing nggegulang rasa lan pangrasa, keris ligan bisa disurasa luwih jero. Keris ligan mono tumrap sing ngasta ngemu pitutur pengati-ati. Ngasta keris ligan tanpa pengati-ati kurang bejane bisa tatu dening keris sing diasta mau, kepara malah bisa uga gawe cintrakaning, kulawarga, brayat, tangga teparo, sedulur, rowang lan wong liyan drayan.

Ing jaman samengko, nalika bebrayan binuka awit dumadining reformasi, sikep lan tindak tanduk pindha ngasta keris ligan. Sarwa-sarwi kudu “transparan”, sabarang kalir sing kudu binuka ora kena ditutup-tutupi. Apa maneh yen gegayutan karo butuhe wong akeh, kupiya slinthutan kurang bejane dadi buron polisi, kejaksaan utawa KPK.


Panyurasa keris ligan tumrap bebrayan sing ngemot piwulang pengati-ati becik dadi lambarane tumindak. Akeh tuladha sing wis dumadi. Menteri dibui, gubernur dikunjara, bupati/walikota dadi pesakitan, anggota legislatif mlebu tahanan, pejabat negara kepeksa gelangan kecrek lan ora sithik wong sing maune diaji-aji pungkasane ora kajen.

Ki Sugeng Subagya Pamong Tamansiswa

Tidak ada komentar:

Posting Komentar