Laman

Rabu, 20 Juni 2012

Macapatan :


Cakepan Sekar Pangkur :

“Ki Hadjar Dewantara”
Cakepan sekar pangkur rinipta dening : Ki Sugeng Subagya
Kangge Mengeti “Hari Pendidikan Nasional”



Sampun mratah diuninga,
Timuripun asma Den Mas Suwardi,
Suryaningrat ramanipun, 
Darah Pakualaman,
Sulih asma gangsal windu petangipun,
Pengetan saking binabar,
Miterat petangan jawi.

Binarung piniji karsa,  
Pratandha wus dumugi titi wanci,
Pinandhita satriya gung,
Mbengkas angkara murka,
Saranane nggulawenthah tanem tuwuh,
Tinanem jiwa merdika,
Rinabuk pitutur jati.

Jatine bangsa merdika ,
Lepas pangreh durung cukup negesi,
Kuwat kwasa dadi sangu,
Mandhireng samubarang,
Tan gumantung liyan ndrayan cekel butuh,
Ngrakit saranane mobah,
Pandonga sarana mosik.

Ing ngarsa asung tuladha,
Mangun karsa yen ing madya ngepasi,
Tut wuri salajengipun,
Handayani sumagah,
Ugerane para dwija among sunu,
Uga pangemban praja,
Tan kantun satriya nagri.
  

Sinerat  ing  Museum Dewantara Kirti Griya Ngayogyakarta, 26 April 2011.

·         Ki Sugeng Subagya, Pamong Tamansiswa ing Ngayogyakarta. 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar