Laman

Minggu, 04 September 2011

Kerangka Kultural Masyarakat Indonesia

Ujung :
Pangabekti, Pangapura, lan Pangestu
Ki Sugeng Subagya

Pungkasane ibadah pasa sesasi muput, masarakat kang ngrasuk agama Islam nidakake salat riyaya Idul Fitri. Sakdurunge tumuju papan salat, sing kagungan, wajib padha mbayar zakat fitrah.  Wujude bisa beras apadene dhuwit. Prastawa iku mratah kedadean saindhenging donya.

Ing Indonesia, Idul Fitri dadi peranganing budaya mirunggan. Idul Fitri ditegesi dina kang suci, sing maknane mbudidaya bali marang kahanan suci. Sarana bali suci tumrap bebrayan kanthi ngapura ing ngapuran. Kaluputan kang wis kelakon antuk pangapura awit paring pangapurane sapadha-padha. 

Kedadeyan setaun pisan iki dadi kawigaten kang gedhe banget.  Mula ing dina riyaya, kantor pamarentah, sekolahan, toko-toko, kantor swasta, malah kepara pasar-pasar padha tutup. Kabeh wong padha nanjakake silaturahmi. Lumrahe sing luwih enom sowan marang sing luwih sepuh.  Kabeh padha ujung saperlu nindakake apura-ingapuran kanthi cara salaman utawa sungkem.  

Mula ora elok menawa wong-wong sing ana paran banjur padha bali mulih marang tanah kelairane. Wis dadi padatan  wong  sing ana paran  yen dina riyaya padha mudik. Senajan jejel riyel ing kendharaan umum lan sadalan-dalan macet tetep dilakoni. Mokal mung setaun pisan wae kok ora bisa tilik ngomah ketemu marang wong tuwa, sanak kadang lan tangga teparo, mengkono kang dadi pawadane.

Riyaya utawa lebaran, ing Indonesia dudu monopoli muslim. Santri njekek, wong “islam KTP”, wong Hindhu, wong Budha, wong Kristen, wong Katholik, kabeh melu bakda riyaya. Bakda riyaya mujudake laku budaya kang dilambari dening tradhisi sing wis kukuh ngoyot nelakake pangabekti marang para sepuh lan kang disepuhake. Wong tuwa wajib diaturi pangabekti, jalaran kejaba dadi sumbering urip lan panguripan uga kagungan kaluwihan moral lan punjering donga pangestu.

Ing sawijining omah, daleme pinisepuh “digruduk” anak, putu, buyut, canggah, lan sak piturute. Salah sawiji ing antarane minangka pangarepe, matur “... kula sedaya sowan simbah, sepisan tuwi kawilujenganipun simbah, kaping kalih ngaturaken sungkeming pangabekti. Ing saklajengipun ngaturaken sedaya lepat, lampah setindak wiraos saklimah ingkang mboten ndadosaken renaning penggalihipun  simbah keparenga simbah paring pangapunten. Wusana nyuwun tambah berkah pangesti, mugi-mugi sedaya sedya pangangkahipun ingkang wayah sageda kasembadan”.

Wong tuwa kang diaturi sungkem pangabekti paring jawaban mengkene. “... ya, anak putuku kabeh, aku wong tuwa uga akeh lupute, aku uga njaluk pangapura marang kowe. Mung pandongaku kowe kabeh dadia wong kang utama, ora nerak angger-anggering agama lan negara. Gampang golek sandhang pangan, turah-turah nganti kurang wadhah. Kelakona kabeh kang tok sedya.”.

Sak wise iku,   mbaka siji kang ana mburi pengarepe padha laku dhodhok sungkem “ngambung dhengkul”. Suasana dadi rada trenyuh, ing antarane kang padha sungkem malah ana sing kembeng luh, tumetes waspane. Ora gantalan wektu, sak wise iku suasana dadi regeng maneh. Sing kagungan dalem paring palilah, unjukan lan dhaharan kang wis sumadya supaya dirahabi. Tumrap bocah-bocah cilik, tekan wektu kang ditunggu, nampa paringan dhuwit. Senadyan cacahe ora akeh, ning biasane para sepuh wis nyamektakake dhuwit sing isih anyar gres. Kahanan mengkono dadi saya nyenengake tumrap sing sowan apadene sing disowani.

Sowan ngaturake sungkem pangabekti dadi kautaman. Senadyan wis ana telepon utawa HP, malah kepara internet, nanging tumrap sadhengah wong rumangsa ora marem yen ora bisa sungkem marang wong tuwa kanthi marak sowan. Rumangsa darbe kaluputan akeh kang dadi pawadane.  Kerep kumawani nglirwakake dhawuhe wong tuwa lan nglarakake atine,  umpamane.

Tanpa sowan, kaya-kaya ngrasakake ana sing ilang ing uripe.  Paling ora kelangan wektu kanggo nyuwun ngapura lan nglebur dosa.

Sungkem marang wong tuwa lan silaturahmi iku uga bisa dirasakke kayadene rekreasi, ngilangake sumpeking ati lan rasa sayah merga golek sandhang pangan ing saben dinane. Bakda riyaya kanthi sungkem mula ora mung dadi adat, ning malah kaya tradhisi sing wajib ditindakake.

Sing baku, lumantar riyaya Idul Fitri kanthi nglenggana kaluputan lan njaluk pangapura, ateges wong bali marang kahanan suci pindha bayi kang nembe lair. Bayi lair iku darbe watak suci, jujur, apa anane, ora srakah, lan tanpa melik. Mula saka iku wis trep yen ujung pinangka perangane tradhisi riyaya Idul Fitri dadi warana pendidikan karakter.  

Artikel ini dimuat Harian Kedaulatan Rakyat Yogyakarta, Minggu 4 September 2011 Rubrik Mekarsari.

Tidak ada komentar:

Poskan Komentar