Laman

Jumat, 06 Maret 2009

Dr. Soemadi Martono Wonohito, SH

Pak Madi (Ora) Mung Bakul Koran
Ki Sugeng Subagya

BUBAR surup, Jemuwah Wage (29/8/2008) ing layar TVRI Jogja ana tulisan sing ngabarake sedane Dr Soemadi Martono Wonohito SH. Kabar mau ora mung gawe kaget, nanging penulis uga setengah ora percaya. Ora gantalan wektu, tangane penulis nyekel gagang telpon, takon marang piket kantor KR, apa bener Pak Madi seda. Innalillahi wa inaillaihi roji’un. Bener Pak Madi pinundhut sowan Gusti Allah kanti tentrem ing ndalem Pringwulung.

Wiwit nalika isih sekolah, asmane Pak Madi wis familier tumrap penulis. Senadyan durung tau ketemu priyayine, amarga maca tulisan-tulisan ngenani penjenengane, penulis antuk wewengan Pak Madi iku juragane koran KR. Jaman semana, ing wewengkon DIY koran identik karo KR. Malah sok kebablasen penganggep, koran apa wae diarani KR.

Sawijining dina, ing tahun 1997, penulis didhawuhi ndherekake pimpinan Majelis Luhur Persatuan Tamansiswa sowan Pak Madi ing kantor KR. Eba senenge atine penulis arep ketemu marang piyayi sing sekawit mung kenal saka tulisan. Kaya lumrahe arep sowan pangarsa perusahaan bonafit, penulis nganggo busana sing paling becik sing diduweni, malah nganggo dhasi barang. Lha dalah, bareng mlebu ruang lenggahe Pak Madi, durung ngendika werna-werna, sinambi salaman penjengane ngendika “wah sae estu dhasinipun”. Jroning batin penulis rada isin didangu mengkono iku. Jebule Pak Madi iku senadyan juragan pangarsa perusahaan gedhe, sikepe lembah manah lan andhap asor. Agemane biasa, ngagem peci, hem lurik lengen dawa. Prasaja banget.

Bareng ngendika, penulis tansaya ngungun marang sikep andhap asore Pak Madi. Penjenengane ngaturake agunging panuwun dene pimpinan Majelis Luhur Persatuan Tamansiswa kersa rawuh ing kantor KR. Menawa Tamansiswa kagungan kersa apa wae, yen KR bisa, sumadiya mbiyantu. Nanging sabyantune ya mung miturut kekuatane KR. “Wong kula punika namung bakul koran”, mengkono pangandikane Pak Madi. Wong pemimpin perusahaan semene gedhene kok ngagem sebutan bakul koran. Menawa kersa kudune sinebut presiden direktur wae luwih dening pantes. Apa maneh penjenengane akeh pikantuk pengaji-aji sing asale ora mung saka dalam negeri. Kepara Southern California University for Profesional Studies (SCUPS) maringi gelar doctor honoris causa barang. Sing tegese sepak trajange Pak Madi ing babagan bisnis profesional diakoni dening masyarakat dunia.

Kabeh mau nabet ing sanubarine penulis. Slagane Pak Madi iku banget humanis lan semanak.

Ing taun 2003 penulis sowan Pak Madi maneh. Senadyan ancase mung silaturahmi, nanging akeh ngelmu sing disinau penulis. Glegere Pak Madi isih kaya 6 taun kepungkur, ewa semono pangandikane tansaya menep lan anteb. Ana pepeling kanggo penulis, apa wae kang ditindake lambarane kudu nengenake marang greget kabangsan. Indonesia iku dumadi saka pirang-pirang suku, agama, basa dhaerah lan kabudayan etnis. Mula tanpa greget kabangsan, bangsa iki ringkih.

Kejaba iku, wong urip iku piguna uripe menawa migunani tumraping liyan. Mula tepa selira, gotong royong, mad sinamadan, ijol-ijolan butuh iku dadi sandhangane wong urip. Ora ana wong bisa urip dhewe tanpa ditulung lan nulungi wong liyane. Tulung tinulung kanthi legawa mahanani urip tentrem. Supaya bisa tetulung kudu sengkut makarya. Kanti makarya wong darbe pawitan kanggo tetulung.

Mengkono wewarahe Pak Madi. Mbok menawa penjenengane ngendika kabeh mau ora ana sedya muruki marang penulis. Nanging tumrap penulis, pangandikane mau mujudake wewarah sing luhur kanggone urip bebrayan lan kabangsan. Pak Madi iku ora mung bakul koran, nanging guru, mligine kanggo penulis. Sugeng tindak Pak Madi, mugi-mugi khusnul khatimah. Amien.

Ki Sugeng Subagya, Pamong Tamansiswa

Tidak ada komentar:

Posting Komentar