Laman

Senin, 04 Februari 2013

Cakepan Sekar Macapat


Merapi Kurda
Cakepan sekar pangkur rinipta dening : Ki Sugeng Subagya

1.      Ardi Mrapi muni nulya,
Gumarebeg gumuruh damel miris,
Jumlegur wusananipun,
Pedhut wulung nggegana,
Dadi udan krikil pasir awu lebu,
Peteng ndhedhet lelimengan,
Kadya gesang wus mungkasi.

2.      Lepen Gendhol tan kuwawa,
Kinurugan lahar panas mencepi,  
Lebu murup lung gumulung,
Wedhus gembel ingaran,
Nerak maring saweneh sangajengipun,
Sirna ilang tan puliha,
Hurubaya nggegirisi.

3.      Lahar wutah  tan kinira,
Ngabul-abul mblabar kanan lan kering,
Nrajang desa lan wana gung,
Manungsanya keh brasta,
Tanem tuwuh raja kaya iwen lampus,
Sandhang pangan datan ngalap,
Bandha donya isis gusis.

4.      Dumadine mangsa kala,
Slasa paing dulkaidah murwani,
Wanci sonten lepas surup,
Warsa sangalas mula,
Papat telu taun dal salajengipun,
Susul sumusul tan kendhat,
Tekeng wanci trus tumuli.

5.      Pepucuking kang prahara,
Tengah wengi  ari jemuwah paing,
Surya kaping wolu likur,
Sasi taun tan beda,
Kurdanira ngambra-ambra sansaya gung,
Langkung tebih tebanira,
Pontang panting ingkang ngungsi,

6.      Pepuntone anggit kula,
Hurubaya mugi murwani peling,
Peling marang lampahipun,
Lampah telung prekara,
Dandanana ngibadah mring Hyang Maha Gung,
Welas asih mring sesama,
Ngrusak alam den pungkasi,

7.      Dosa luput den lenggana,
Mboten langkung cumadhong pangaksami,
Mertobat  tan kenging kantun,
Datan kendhat ndedonga,
Murih enggal rucat linepas dahuru,
Ayem tentrem beja mulya,
Sambikalane sumingkir,

8.      Dununge bebrayan mula,
Lambarane welas asih sesami,
Sepi pamrih lajengipun,
Rame gawe suminggah,
Lampah nistha panasten awisanipun,
Colong jupuk angrabasa,
Gelem ora den singkiri,

9.      Alam kanggo panguripan,
Ora sira anak putu menangi,
Leluwihen dipun keruk,
Ora beda milara,
Lamun kurda sapa wonge bisa mbendung,
Wekasan   pasrah sumarah,
Keduwung tibane mburi.

Sinerat  ing lepen Gendol wetan Dusun Brongkol, Desa Argomulyo, Kecamatan Cangkringan, Kabupaten Sleman, 11 November 2010.



Dipun sekaraken Ki Ngabdul ing acara Pangkur Jenggleng TVRI Yogyakarta, Senin 4 Pebruari 2013 Pukul 18.00 Wib.
·       Ki Sugeng Subagya, Pamong Tamansiswa, lair saha gesangipun sawetawis dedunung ing tlatah ereng-erenging redi Merapi sisih kidul, dusun Brongkol, Desa Argomulyo, Kecamatan Cangkringan, Kabupaten Sleman.


1 komentar: