Laman

Kamis, 19 Januari 2012

Watak Pemimpin


Trisulawedha

Trisulawedha kalebet peranganing jangka Jayabaya. Piwucal ingkang kamot ing trisulawedha inggih punika watak budi luhur  ingkang baku, inggih punika  jejeg, bener lan jujur .

Mekaten jangkeping seratan jangka Jayabaya pupuh 164; Putra kinasih swargi kang jumeneng ing gunung Lawu. Hiya yayi Bethara Mukti, hiya Krisna, hiya Herumukti. Mumpuni sakabehing laku. Nugel tanah Jawa kapingpindho. Ngerahake jin setan, kumara prewangan, para lelembut ke bawah perintah saeko proyo, kinen ambantu manungso Jawa padha asesanti Trisulawedha. Landhepe triniji suci. Bener, jejeg, jujur. Kadherekake Sabdopalon lan Noyogenggong.

Dados, menawi ginerba,  gesang ing masarakat mekaten kedah linambaran watak jejeg, bener, lan jujur. Jejeg anggenipun cepengan dhateng tuntunan agami suci, bener anggenipun tumindak adhedhasar ukum negari, saha jujur sadhengah tumindak ing sesrawungan bebrayan.

Menawi watak trisulawedha dipun tindakaken dening para pangarsaning negari lan andhahanipun, katentremaning negari enggal badhe dados kasunyatan. Tumindak ingkang jejeg, bener, lan jujur, dados piranti ndhuwa tumindak culika kados dene korupsi, kolusi lan nepotisme ingkang nembe mratah kados  ing wekdal punika.

Wedharing falsafah trisulawedha saged dipun maknani dados peranganing watak wantu saha tindak tanduk bebrayan mranata bangsa lan negari.  

Ngudi kemajenganing bangsa lan negari kanti ngadani pembangunan ingkang linambaran wawasan budaya tumuju tumataning kawontenan inkang asipat global. Tegesipun, sanadyan ing samangke Indonesia dados bangsa ingkang majeng,  pinunjul yen tinandhingaken lumawan bangsa sanes, namung kapribaden ingkang alandhesan budaya lokal mboten badhe luntur. Bangsa Indonesia ingkang majeng mboten kedah kecalan jatidhirinipun.

Pulitik praktis, mboten langkung namung saweneh sarana tumapaking dhemokrasi, sanes ancasing panggesangan bangsa lan negari. Pramila ingkang dipun udi mboten jejering panguwaos, ananging panguwaos kedah dipun dadosaken sarana murih sedaya kawula  pinanggih gesang ingkang ayem tentrem-tata kerta raharja. Raos ewuhaya ing pambudi dados pamepering tumindak ingkang rinaos badhe damel cintrakaning asanes.

Menawi trisulawedha dipun maknani senjata, inggih senjata pamungkas. Pramila, menawi sedaya warganing masyarakat nindakaken trisula wedha badhe pinanggih kawontenan masyarakat ingkang saya dangu saya tentrem jalaran kukum badhe dados pangayoman yekti, durjana lan durangkara binesta, budaya dados sandhanganing agesang.

Trisulawedha ingkang dipun rasuk dening panguwaos binathara-gung, badhe paring pangayoman tumrap kawula dasih ingkang ringkih, ananging kosokwangsulipun ugi badhe damel kapokipun tetiyang ingkang tumindak nistha jalaran saking paringipun pidana ingkang murwat kaliyan kalepataning tumindak. Sedaya pamawas saged dipun nalar. Sak sintena ingkang ngaturaken panyaruwe dipun tampi, dipun limbang, saha dipun dadosaken kupiya kangge mbecikaken kawontenan. 

Ing jagading pamulangan lan pawiyatan, trisulawedha saged dipun wastani dados ruh pendidikan nasional. Pancen leres, kapinteran ing babagan kawruh akademis punika saestu wigati. Nanging kapinteran kalawau mboten wonten ginanipun yen ingkang pinter mboten gadhah watak jejeg, jujur, lan bener. Saged ugi  tiyang pinter lajeng minteri tiyang sanes satemah damel kapitunan.

Sedyaning pamulangan murih ginayuh watak jejeg, bener, lan jujur kedah lumampah kanthi suasana ingkang jejeg, bener, lan jujur ugi. Tangeh lamun, sapu ingkang reged badhe saged damel resik. Pramila, pendidikan watak inkang ngemot trisulawedha dadosa punjering kawijaksanan ngrembakakaken pendidikan karakter ingkang nembe pikantuk kawigatosan Kementerian Pendidikan Nasional.

Ki Sugeng Subagya, Pamong Ibu Pawiyatan Tamansiswa.

Tidak ada komentar:

Poskan Komentar