Laman

Senin, 03 Agustus 2009

Adiluhung

Mekarake Jiwa Merdika
Ki Sugeng Subagya

MERDIKA politik durung cukup tumrap bangsa Indoensia. Mula kamardikan kudu ditegesi merdika lair lan batine, linambaran tata lan tentrem urip bebrayane. Wektu iki ana saperangan warganing masyarakat sing wis rumangsa kecukupan uripe, nanging uga ora sethithik sing isih urip kesrakat. Tumrap sing kesrakat, urip tentrem sing diudi kaya-kaya angel ginayuh. Warganing masyarakat tansah ana ing kahanan was sumelang. Drengki, srei, jail, methakil, dahwen, dadi watak padinan yen nguningani ana sedulur sing tampa kabegjan. Kosokbaline kumalungkung, deksura, kumengsun, dadi bawane yen lagi kasinungan bandha lan kuasa.

Nanemake Jiwa Merdika
Dununging kamardikan iku sejatine ora mung cukup kanthi kamardikan politik. Ing babagan ideologi, sosial, ekonomi, lan kabudayan mesthine kudu merdika uga. Menawa kasunyatan ing bebrayan, bangsa Indonesia durung sampurna kamardikan ideologine, sosial ekonomine, lan kabudayane, mula iku dadi kewajiban sing kudu di sangkul dening kabeh warganing bangsa. Kamardikan sejati bakal ginayuh, saranane saben-saben warga bangsa kudu darbe ”jiwa merdika”.

Jiwa merdika mono mujudake landhesane urip merdika. Mengkono pangandikane para winasis sing kaimpun ing pakumpulan ”Selasa Kliwonan”.
Pakumpulan Selasa Kliwonan kanthi kridha parepatan sing madeg ing tahun 1921 dipandhegani dening Ki Ageng Suryomentaram lan Suwardi Suryaningrat (Ki Hadjar Dewantara) pinangka panyitra. Pakumpulan mau darbe gegayuhan luhur, yaiku kamerdikaning bangsa Indonesia sing nalika semana isih diregem dening Walanda. Kanggo nggayuh kamardikan, tangeh lamun kelakone menawa saben-saben wong Indonesia tanpa darbe jiwa merdika. Mula jiwa merdika kudu tumanem ing sanubarine bangsa Indonesia murih tuwuh ngrembaka.

Ana piyayi cacah 9 sing padha nganakke parepatan wujud sarasehan politik lan kabudayan. Yaiku Ki Ageng Suryomentaram, RM Soetatmo Soeryokusumo, Ki Pronowidigdo, Ki Prawirowiworo, BRM Subono, Ki Ageng Suryo Putro, Suwardi Suryaningrat, Ki Sutopo Wonoboyo, lan RM Gondoatmojo. Kanggo nanemake jiwa mardika murih tuwuh ngrembaka parepatan mupakat nuding marang Ki Ageng Suryomentaram supaya ”nggarap” jiwa merdikane wong-wong diwasa, marang Suwardi Suryaningrat supaya ”nggarap” jiwa merdikane bocah-bocah.

Kanggo sarana nanemake lan ngrembakakke jiwa merdika mau, Suwardi Suryaningrat banjur yasa Perguruan Nasional Tamansiswa sing wujud pawiyatan. Wondene Ki Ageng Suryomentaram ngrembakakke kawruh ilmu jiwa sinebut ”kawruh begja”.

Nalika kamerdikaning bangsa Indonesia wis kelakon proklamasine dikumandhangke dening Soekarno-Hatta, apa kanthi mengkono wis kasil anggone nanemake lan ngrembakakke jiwa merdika. ? Miturut panemune Panyerat, mbok menawa anggone nanemake jiwa merdika pancen wis kasil. Nanging anggone ngrembakakke jiwa merdika nganti tekan wektu iki, malah kepara samengko, kudu terus diudi.

Gegayuhane pakumpulan Selasa Kliwonan iku orang mung winates nganti Indonesia merdika. Luwih saka iku, gegayuhane luhur banget, yaiku hamemayu hayuning bawana, hamemayu hayuning bangsa, lan hamemayu hayuning salira, sing katelah cekak dadi TRI-HAYU.

Nalika kahananing bebrayan isih kaya sing kita uningani iki, nuduhake menawa gegayuhan hamemayu hayuning bawana, hamemayu hayuning bangsa, lan hamemayu hayuning salira durung kasembadan. Mula mesthine, proklamasi kamardikan kudune ditegesi pinangka warana kanggo nggayuh tri-hayu mau.

Ngrembakakake Jiwa Merdika
Pancen, ing wektu iki kridhaning pendhidhikan Indonesia bisa diarani uwis maju. Prestasi nasional, regional apadene internasional kasil diregem dening para siswa kita. Ora mung saka pawiyatan luhur, nanging para siswa pawiyatan dhasar lan menengah ora kalah. Olimpiade Matematika, Sains, Teknologi Informasi, lan sapanunggalane ora sethithik sing sasab ing tingkat internasional. Nanging menawa dijumbuhake karo lereging pendhidhikan kudu bisa ngrembakakke jiwa merdika, kita mesthi isih kudu sengkut kupiya.

Saperangan gedhe lulusan sekolah lan sarjana kepeksa nganggur. Mlebu metu kantor pemerintah lan perusahaan ngempit map isi lamaran gaweyan. Kasunganyatan iki pinangka bukti menawa pendhidhikan durung kasil ndadekke insan mandhiri. Sarjana lan lulusan sekolah tansah golek gaweyan, ora bisa gawe gaweyan. Uripe gumantung marang liyan. Senenge diprentah. Kepara ora gelem obah tanpa diprentah. Sing kelakon nyambut gawe, kridhane ora katon. Tumandang gawe naliko ana mandhore, yen mandhore oncat mandheg tandang gawene.

Kahanan kaya mengkono tau diolok-olok dening Ki Hadjar Dewantara. Mengkene pangandikane ”.... eman temen, wong pinter-pinter kok kalah karo cecak. Cecak kae ora sekolah, ora darbe ijazah, nanging dhewekke ngerti carane golek pangan. Wektu bengi cerak lampu, ana lemut ngrubung, ing kono cecak golek pangan”.

Insan mandhiri iku yektine watak ksatria sing ora gelem nampa bantuwan menawa bantuwan mau bisa njiret kamardikane. Wong merdika kudu mandhiri. Wong mandhiri kudu makarya. Kanthi makarya wong bakal entuk pametu kanggo ngragadi uripe dhewe lan keluargane. Kudune pendhidhikan ora mung bisa ngasilake wong golek gaweyan, nanging kudu bisa ngasilake wong kang bisa gawe gaweyan.


Ki Sugeng Subagya, Pamong Tamansiswa

Catatan :
Artikel ini dimuat SKH Kedaulatan Rakyat Hari Minggu, 2 Agustus 2009

Tidak ada komentar:

Posting Komentar