Trisulawedha
Trisulawedha kalebet
peranganing jangka Jayabaya. Piwucal ingkang kamot ing trisulawedha inggih
punika watak budi luhur ingkang baku,
inggih punika jejeg, bener lan jujur .
Mekaten jangkeping
seratan jangka Jayabaya pupuh 164; Putra kinasih swargi kang jumeneng ing gunung Lawu. Hiya
yayi Bethara Mukti, hiya Krisna, hiya Herumukti. Mumpuni sakabehing laku. Nugel
tanah Jawa kapingpindho. Ngerahake jin setan, kumara prewangan, para lelembut
ke bawah perintah saeko proyo, kinen ambantu manungso Jawa padha asesanti
Trisulawedha. Landhepe triniji suci. Bener, jejeg, jujur. Kadherekake
Sabdopalon lan Noyogenggong.
Dados, menawi
ginerba, gesang ing masarakat mekaten
kedah linambaran watak jejeg, bener, lan jujur. Jejeg anggenipun cepengan dhateng
tuntunan agami suci, bener anggenipun tumindak adhedhasar ukum negari, saha
jujur sadhengah tumindak ing sesrawungan bebrayan.
Menawi
watak trisulawedha dipun tindakaken dening para pangarsaning negari lan andhahanipun,
katentremaning negari enggal badhe dados kasunyatan. Tumindak ingkang jejeg,
bener, lan jujur, dados piranti ndhuwa tumindak culika kados dene korupsi,
kolusi lan nepotisme ingkang nembe mratah kados ing wekdal punika.
Wedharing falsafah trisulawedha saged dipun
maknani dados peranganing watak wantu saha tindak tanduk bebrayan mranata
bangsa lan negari.
Ngudi
kemajenganing bangsa lan negari kanti ngadani pembangunan ingkang linambaran
wawasan budaya tumuju tumataning kawontenan inkang asipat global. Tegesipun, sanadyan ing samangke Indonesia dados bangsa
ingkang majeng, pinunjul yen
tinandhingaken lumawan bangsa sanes, namung kapribaden ingkang alandhesan
budaya lokal mboten badhe luntur. Bangsa Indonesia ingkang majeng mboten kedah
kecalan jatidhirinipun.
Pulitik praktis, mboten langkung namung saweneh
sarana tumapaking dhemokrasi, sanes ancasing panggesangan bangsa lan negari.
Pramila ingkang dipun udi mboten jejering panguwaos, ananging panguwaos kedah
dipun dadosaken sarana murih sedaya kawula pinanggih gesang ingkang ayem tentrem-tata kerta
raharja. Raos ewuhaya ing pambudi dados pamepering tumindak ingkang rinaos
badhe damel cintrakaning asanes.
Menawi
trisulawedha dipun maknani senjata, inggih senjata pamungkas. Pramila, menawi
sedaya warganing masyarakat nindakaken trisula wedha badhe pinanggih kawontenan
masyarakat ingkang saya dangu saya tentrem jalaran kukum badhe dados pangayoman
yekti, durjana lan durangkara binesta, budaya dados sandhanganing agesang.
Trisulawedha
ingkang dipun rasuk dening panguwaos binathara-gung, badhe paring pangayoman
tumrap kawula dasih ingkang ringkih, ananging kosokwangsulipun ugi badhe damel
kapokipun tetiyang ingkang tumindak nistha jalaran saking paringipun pidana
ingkang murwat kaliyan kalepataning tumindak. Sedaya pamawas saged dipun nalar.
Sak sintena ingkang ngaturaken panyaruwe dipun tampi, dipun limbang, saha dipun
dadosaken kupiya kangge mbecikaken kawontenan.
Ing
jagading pamulangan lan pawiyatan, trisulawedha saged dipun wastani dados ruh pendidikan nasional. Pancen leres,
kapinteran ing babagan kawruh akademis
punika saestu wigati. Nanging kapinteran kalawau mboten wonten ginanipun yen
ingkang pinter mboten gadhah watak jejeg, jujur, lan bener. Saged ugi tiyang pinter lajeng minteri tiyang sanes
satemah damel kapitunan.
Sedyaning pamulangan murih ginayuh
watak jejeg, bener, lan jujur kedah lumampah kanthi suasana ingkang jejeg,
bener, lan jujur ugi. Tangeh lamun, sapu ingkang reged badhe saged damel resik.
Pramila, pendidikan watak inkang
ngemot trisulawedha dadosa punjering kawijaksanan ngrembakakaken pendidikan
karakter ingkang nembe pikantuk kawigatosan Kementerian Pendidikan Nasional.
Ki
Sugeng Subagya, Pamong
Ibu Pawiyatan Tamansiswa.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar