Laman

Tampilkan postingan dengan label Kebudayaan. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Kebudayaan. Tampilkan semua postingan

Minggu, 04 September 2011

Kerangka Kultural Masyarakat Indonesia

Ujung :
Pangabekti, Pangapura, lan Pangestu
Ki Sugeng Subagya

Pungkasane ibadah pasa sesasi muput, masarakat kang ngrasuk agama Islam nidakake salat riyaya Idul Fitri. Sakdurunge tumuju papan salat, sing kagungan, wajib padha mbayar zakat fitrah.  Wujude bisa beras apadene dhuwit. Prastawa iku mratah kedadean saindhenging donya.

Ing Indonesia, Idul Fitri dadi peranganing budaya mirunggan. Idul Fitri ditegesi dina kang suci, sing maknane mbudidaya bali marang kahanan suci. Sarana bali suci tumrap bebrayan kanthi ngapura ing ngapuran. Kaluputan kang wis kelakon antuk pangapura awit paring pangapurane sapadha-padha. 

Kedadeyan setaun pisan iki dadi kawigaten kang gedhe banget.  Mula ing dina riyaya, kantor pamarentah, sekolahan, toko-toko, kantor swasta, malah kepara pasar-pasar padha tutup. Kabeh wong padha nanjakake silaturahmi. Lumrahe sing luwih enom sowan marang sing luwih sepuh.  Kabeh padha ujung saperlu nindakake apura-ingapuran kanthi cara salaman utawa sungkem.  

Mula ora elok menawa wong-wong sing ana paran banjur padha bali mulih marang tanah kelairane. Wis dadi padatan  wong  sing ana paran  yen dina riyaya padha mudik. Senajan jejel riyel ing kendharaan umum lan sadalan-dalan macet tetep dilakoni. Mokal mung setaun pisan wae kok ora bisa tilik ngomah ketemu marang wong tuwa, sanak kadang lan tangga teparo, mengkono kang dadi pawadane.

Riyaya utawa lebaran, ing Indonesia dudu monopoli muslim. Santri njekek, wong “islam KTP”, wong Hindhu, wong Budha, wong Kristen, wong Katholik, kabeh melu bakda riyaya. Bakda riyaya mujudake laku budaya kang dilambari dening tradhisi sing wis kukuh ngoyot nelakake pangabekti marang para sepuh lan kang disepuhake. Wong tuwa wajib diaturi pangabekti, jalaran kejaba dadi sumbering urip lan panguripan uga kagungan kaluwihan moral lan punjering donga pangestu.

Ing sawijining omah, daleme pinisepuh “digruduk” anak, putu, buyut, canggah, lan sak piturute. Salah sawiji ing antarane minangka pangarepe, matur “... kula sedaya sowan simbah, sepisan tuwi kawilujenganipun simbah, kaping kalih ngaturaken sungkeming pangabekti. Ing saklajengipun ngaturaken sedaya lepat, lampah setindak wiraos saklimah ingkang mboten ndadosaken renaning penggalihipun  simbah keparenga simbah paring pangapunten. Wusana nyuwun tambah berkah pangesti, mugi-mugi sedaya sedya pangangkahipun ingkang wayah sageda kasembadan”.

Wong tuwa kang diaturi sungkem pangabekti paring jawaban mengkene. “... ya, anak putuku kabeh, aku wong tuwa uga akeh lupute, aku uga njaluk pangapura marang kowe. Mung pandongaku kowe kabeh dadia wong kang utama, ora nerak angger-anggering agama lan negara. Gampang golek sandhang pangan, turah-turah nganti kurang wadhah. Kelakona kabeh kang tok sedya.”.

Sak wise iku,   mbaka siji kang ana mburi pengarepe padha laku dhodhok sungkem “ngambung dhengkul”. Suasana dadi rada trenyuh, ing antarane kang padha sungkem malah ana sing kembeng luh, tumetes waspane. Ora gantalan wektu, sak wise iku suasana dadi regeng maneh. Sing kagungan dalem paring palilah, unjukan lan dhaharan kang wis sumadya supaya dirahabi. Tumrap bocah-bocah cilik, tekan wektu kang ditunggu, nampa paringan dhuwit. Senadyan cacahe ora akeh, ning biasane para sepuh wis nyamektakake dhuwit sing isih anyar gres. Kahanan mengkono dadi saya nyenengake tumrap sing sowan apadene sing disowani.

Sowan ngaturake sungkem pangabekti dadi kautaman. Senadyan wis ana telepon utawa HP, malah kepara internet, nanging tumrap sadhengah wong rumangsa ora marem yen ora bisa sungkem marang wong tuwa kanthi marak sowan. Rumangsa darbe kaluputan akeh kang dadi pawadane.  Kerep kumawani nglirwakake dhawuhe wong tuwa lan nglarakake atine,  umpamane.

Tanpa sowan, kaya-kaya ngrasakake ana sing ilang ing uripe.  Paling ora kelangan wektu kanggo nyuwun ngapura lan nglebur dosa.

Sungkem marang wong tuwa lan silaturahmi iku uga bisa dirasakke kayadene rekreasi, ngilangake sumpeking ati lan rasa sayah merga golek sandhang pangan ing saben dinane. Bakda riyaya kanthi sungkem mula ora mung dadi adat, ning malah kaya tradhisi sing wajib ditindakake.

Sing baku, lumantar riyaya Idul Fitri kanthi nglenggana kaluputan lan njaluk pangapura, ateges wong bali marang kahanan suci pindha bayi kang nembe lair. Bayi lair iku darbe watak suci, jujur, apa anane, ora srakah, lan tanpa melik. Mula saka iku wis trep yen ujung pinangka perangane tradhisi riyaya Idul Fitri dadi warana pendidikan karakter.  

Artikel ini dimuat Harian Kedaulatan Rakyat Yogyakarta, Minggu 4 September 2011 Rubrik Mekarsari.

Minggu, 28 November 2010

Catatan Budaya

Sepi ing Pamrih Rame ing Gawe

Ki Sugeng Subagya

Ekacakra menjadi negeri aman dan tenteram atas pengorbanan Werkudara yang telah berhasil membunuh Bakasura. Bakasura adalah raksasa yang selalu meminta persembahan segerobak makanan enak dan “manusia” untuk menjadi santapannya. Ketika wilayah Ekacakra mendapat giliran menyediakan persembahan, rakyat ketakutan luar biasa.

Atas seijin Dewi Kunti, Werkudara yang sedang “ngulandara” menyediakan diri sebagai persembahan. Pada hari yang telah ditentukan, Werkudara membawa segerobak makanan kehadapan Bakasura. Di depan gapura tempat tinggal Bakasura makanan yang dibawa dimakan sampai habis. Bakasura yang merasa terhina, marah lalu menerjang Werkudara. Seketika terjadilah pertarungan sengit. Setelah berlangsung lama, Bakasura mati.

Berita kematian Bakasura menggoncang Ekacakra. Rakyat ingin tahu siapa gerangan yang berhasil membunuh Bakasura. Berduyun-duyun mereka ke suatu tempat untuk memperoleh jawaban. Tetapi, sampai kapanpun jawaban itu tidak akan pernah mereka dapat. Seketika setelah Bakasura tewas, Werkudara dan Dewi Kunti pergi melanjutkan pengembaraannya. Pengorbanan Werkudara tidak dalamrangka pamrih, kecuali didorong kemauan tulus ikhlas untuk melindungi rakyat banyak yang sedang menderita.

Demikianlah keluhuran budi ksatriyatama. Jasa dan pengabdian yang diperbuat bukan untuk kemashuran, melainkan dipenuhi untuk memenuhi dharma. Pujian dan penghargaan tidak diperlukan jika pengorbanannya dilandasi oleh keikhlasan.

Bantuan Bencana Merapi

Sejak Gunung Merapi dinaikkan ke level AWAS, barak pengungsian mulai dipenuhi pengungsi. Bantuan dari berbagai pihak mulai mengalir. Terlebih setelah erupsi terjadi, bantuan semakin banyak. Bersamaan dengan itu spanduk dan bendera bertebaran di sekitar barak pengungsian. Sejumlah bendera dan spanduk yang dipasang berukuran besar dan dalam jumlah banyak.

Selain organisasi masyarakat, spanduk-spanduk yang terpasang bertuliskan nama partai politik, provider telepon seluler, merk sepeda motor, serta berbagai produk makanan dan minuman. Beberapa spanduk terpasang di badan-badan jalan bahkan sebagian tidak disertai pembangunan posko maupun aktivitas memadai dari pihak pemasangnya.

Dalam kacamata manajemen pemasaran memang tidak salah mamasang bendera dan spanduk dalamrangka promosi produk. Namun ketika bendera dan spanduk promosi itu di pasang pada tempat pengungsian, dimana sebagian besar diantara penghuninya diliputi perasaan was-was dan ketakutan, maka bisa dianggap tidak etis. Setidaknya para pemasang bendera dan spanduk itu tidak peka terhadap kesulitan yang dihadapi para pengungsi.

Pemasangan bendera dan spanduk yang dikaitkan dengan pemberian bantuan kepada pengungsi seolah-olah parpol, ormas dan perusahaan itu membantu dengan berharap pamrih. Meskipun bantuan yang diberikan pantas diapresiasi, tetapi jangan niat mulia itu dikotori oleh hal-hal yang berbau politik. Bukan tidak mungkin pemasangan bendera dan spanduk yang berlebihan malah menimbulkan persepsi negatif di mata masyarakat.

Memaknai Pamrih

Sesungguhnya masyarakat Indonesia memiliki falsafah budaya yang tinggi untuk dijadikan pedoman dalam hal berbuat untuk kepentingan orang banyak. Ialah sepi ing pamrih rame ing gawe.

Dalam masyarakat Jawa, pamrih dimaknai sebagai kepentingan diri yang dilekatkan dalam ego pribadi. Pamrih memiliki tiga dimensi, ialah (1) keinginan untuk menang sendiri atau golek menange dhewe, (2) menganggap dirinya paling benar atau nggugu benere dhewe, dan (3) tamak memenuhi ketuhannya sendiri atau mburu butuhe dhewe. Jika ketiga dimensi pamrih ini masih melekat, maka yang mewujud adalah ego pribadi. Karenanya, membantu dan menolong orang lain sekalipun kepentingan diri tetap muncul dalam wujud tampilannya. Jika sepi ing pamrih ingin diimplementasikan dalam kehidupan, maka ego yang melekat harus dilepaskan terlebih dahulu.

Rame ing gawe dalam implementasi seharusnya dilakukan sebagai kewajiban yang didorong oleh tanggungjawab. Tanpa melakukan kewajiban itu serasa ada sesuatu yang kurang pada diri. Pada saatnya, jika kewajiban yang didorong tanggungjawab dilakukan selalu berulang dalam pembiasaan maka akan menjadi kebutuhan.

Sepi ing pamrih rame ing gawe adalah formula filosofis menuju kesejahteraan bersama. Formula filosofis itu akan menemukan esensi yang lebih dalam sebagai sepi pamrih tebih ajrih manakala landasan keikhlasan dibarengi oleh pemahaman atas konsekuensi yang harus ditanggungnya.

Marilah kita lakukan instropeksi. Tanpa bendera, spanduk dan umbul-umbul sekalipun kebaikan yang dilakukan pasti dicatat sebagai kebaikan oleh karena Tuhan Maha Tahu

Ki Sugeng Subagya,

Pamong Tamansiswa, Pemerhati Pendidikan dan Kebudayaan.

Artikel Dimuat SKH Kedaulatan Rakyat, Minggu 7 November 2010.

Sabtu, 21 Agustus 2010

Dakwah Kultural Muhammadiyah

Seni Tradisi dan Dakwah Kultural Muhammadiyah

Oleh : Ki Sugeng Subagya


Ada catatan tersisa dari Muktamar 1 abad Muhammadiyah di Yogyakarta. Hiruk pikuk pelaksanaan Muktamar terselip dakwah kultural. Selasa (6/7/2010) malam, Concert Hall Taman Budaya Yogyakarta menjadi ajang dakwah kultural.


Pentas ketoprak dan seni tradisi di Concert Hall Taman Budaya Yogyakarta sudah biasa terjadi. Tetapi malam itu terasa sangat istimewa. Bukan hanya karena pucuk pimpinan Muhammadiyah, Din Syamsudin dan banyak tokoh lain tampil “ngetoprak”. Nuansa dakwah yang dikemas dalam pentas seni tradisi seperti mengingatkan bahwa Muhammadiyah memiliki banyak cara menyampaikan dakwah. Seni tradisi dapat menjadi sarana menyampaikan ajaran Islam secara damai, tidak menjemukan, dan sekaligus menghibur.


Pada dimensi yang lain, melalui pentas seni tradisi, secara kultural menyumbangkan akulturtasi budaya dan sekaligus meneguhkah hakikat Islam sebagai agama yang rahmatan lil’alamin. Islam adalah agama penebar damai dan keselamatan, rahmat bagi alam semesta.


Membalik Citra

Adalah pilihan cerdas bagi para seniman dan budayawan Muhammadiyah menggagas pentas ketoprak dengan lakon “Pletheking Surya Ndadari” malam itu. Pada saat ada sekelompok orang yang mengatasnamakan Islam melakukan tindak kekerasan dalam berdakwah, Muhammadiyah memberikan suri tauladan dakwah dengan cara damai.


Ketika wajah Islam sebagai agama rahmat sedang babak-belur akibat ulah segelintir kelompok orang yang melakukan aksi-aksi kekerasan dan terorisme atas nama jihad Islam, Muhammadiyah tampil dengan dakwah damai melalui media seni tradisi. Ketika makna suci jihad tercemari dengan terorisme, Muhammadiyah mengangkat kembali jihad kultural sebagai tuntunan.


Dakwah kultural dengan media pentas seni tradisi, mudah-mudahan mampu membuka pandangan dunia yang selama ini melihat Islam bukan dalam wajah Islam yang sebenarnya. Penilaian yang selama ini dipelihara dunia (Barat) bahwa Islam identik dengan kekerasan dan teorisme dalam dakwahnya tertepis oleh upaya-upaya kultural.


Akulturasi

Dakwah kultural di Indonesia sesungguhnya bukan hal yang baru. Pada awal perkembangan Islam di tanah Jawa, dakwah kultural dilakukan para wali. Ternyata berhasil. Tidak hanya penyebaran ajaran agama Islam, tetapi juga meneguhkan Islam sebagai agama yang tidak mentolerir kekerasan. Dari sinilah akulturasi kebudayaan terjadi.


Dalam kajian ilmu sejarah, Islam masuk ke Indonesia dengan jalan damai. Mula-mula, sebagai pemegang peran adalah bangsa Arab, bangsa Persia, dan bangsa India (Gujarat) melalui jalur perdagangan lintas bangsa. Selanjutnya, perkembangannya menjadi sangat pesat oleh karena dipicu perkawinan, pendidikan, dakwah dan kesenian.


Sebelum Islam masuk, Indonesia sudah memiliki corak kebudayaan yang dipengaruhi oleh agama Hindu dan Budha, bahkan animisme dan dinamisme. Dengan masuknya Islam, terjadi akulturasi budaya yang lebih dahsyat. Ialah proses percampuran dua atau lebih kebudayaan yang saling mempengaruhi sehingga melahirkan kebudayaan baru. Ialah kebudayaan Indonesia yang islami.


Di Jawa, penyebaran Islam berpusat di Kerajaan Demak. Sebagai pusat agama Islam, Demak dikenal memiliki “wali sanga”. Para wali memiliki peranan yang penting menyebarkan agama Islam dalam konteks akulturasi. Sunan Kalijaga misalnya, beliau meninggalkan karya akulturasi monumental. Masjid Demak dan upacara tradisional sekaten adalah contohnya.


Masjid Demak terkenal dengan bangunan Masjid dengan satu tiangnya terbuat dari pecahan-pecahan kayu yang disebut dengan Saka Tatal. Di serambi depan Masjid Demak inilah Sunan Kalijaga meletakkan dasar-dasar perayaan Sekaten dalamrangka peringatan Maulud Nabi. Hingga kini upacara perayaan sekaten masih berlangsung setiap bulan Mulud (Jawa) di Kraton Yogyakarta, Surakarta, dan Cirebon.


Esensi upacara sekaten sesungguhnya adalah dakwah kultural. Hal ini dapat dirujuk dari sejarah sekaten itu sendiri. Pada tahun 1939 Caka atau 1477 Masehi, Raden Patah selaku Adipati Kabupaten Demak Bintara dengan dukungan para wali membangun Masjid Demak. Selanjutnya berdasar hasil musyawarah para wali, digelarlah kegiatan syiar Islam secara terus-menerus selama 7 hari menjelang hari kelahiran Nabi Muhammad, Saw. Agar kegiatan tersebut menarik perhatian rakyat, dibunyikanlah dua perangkat gamelan buah karya Sunan Giri membawakan gending-gending ciptaan para wali, terutama Sunan Kalijaga.


Menyandingkan sejarah sekaten dengan pentas ketoprak “Pletheking Surya Ndadari” dari sisi monumentalnya tentu tidak sebanding. Tetapi dari cara pandang hakekat, keduanya tidak berbeda. Pindha suruh lemah kurepe, yen ginigit padha rasane. Meski daun sirih permukaan depan dan belakangnya beda rupa, tetapi jika digigit rasanya sama. Ialah Pencerahan.


Pencerahan yang diadaptasi dalam dakwah melalui pentas ketoprak. Ajaran kebaikan harus disampaikan dengan cara yang baik. Dialog santai dengan canda tawa bukan berarti nihil dari muatan ajaran moral agama. Dari cara yang demikianlah sebuah ide dan konsep kebaikan dapat diajarkan.


Dialog-dialog yang muncul dalam pentas malam itu, sesungguhnya memiliki pesan moral yang tinggi tetapi sekaligus autocritic terhadap umat Islam sendiri. Umat Islam saat ini masih belum sepenuhnya mampu menunjukkan perilaku dan akhlak Islami. Masjid banyak, tapi yang shalat berjamaah sedikit. Umat Islam juga memiliki kelemahan di berbagai lini kehidupan. Kemiskinan dan kebodohan telah menjadikan umat yang lemah. Demikian pula dengan akhakul karimah yang masih jauh panggang daripada api.


Cara-cara dakwah kultural dengan berbagai media ternyata tidak sepi peminat. Televisi misalnya. Mengemas siraman rohani dalam bentuk dialog interaktif yang sedikit teatrikal, ternyata digemari pemirsa. Disamping jutaan pasang mata mengikuti melalui layar kaca, tidak sedikit kelompok-kelompok yang mengajukan untuk hadir di studio “live show”. Saking banyaknya peminat, ada yang rela mengantri sangat lama. Sejak permohonan diajukan, baru 2 tahun kemudian mendapat giliran.


Ketika dakwah konvensional selalu disampaikan dengan cara serius cenderung membosankan, seni tradisi dapat dijadikan alternatif sebagai dakwah kultural yang menyegarkan. Dan, Muhammadiyah telah memulainya kembali.

Ki Sugeng Subagya,

Pamong Tamansiswa tinggal di Yogyakarta.




Artikel ini dimuat Majalah SUARA MUHAMMADIYAH

No. 16/Tahun Ke-95 tanggal 16-31 Agustus 2010.

Rabu, 16 Juni 2010

Adiluhung

Serat Trilaksita, wiji lan panggulawenthah

Dening : Ki Sugeng Subagya


Senadyan mboten kondhang kados dene Ranggawarsita, Jasadipura, punapa dene pujangga-pujangga sanesipun, duk ing uni, Kraton Surakarta gadhah abdi dalem ingkang ugi baut nyerat. Inggih punika Mas Ngabehi Mangunwijaya. Ing taun 1916, penjenenganipun nganggit serat ”Trilaksita” ingkang dipun terbitaken dening Volkslectuur, Weltevreden. Serat punika namung awujud karangan fiksi ingkang mboten wonten kedadosan yektinipun, semantena ngemot piwulang luhur tumraping bebrayan utaminipun panggulawenthah wulang wuruk.


Dipun cariyosaken ing serat punika, kawontenaning gesang saha panggesanganipun paraga tiga ingkang nama Raden Hardaka, Jaka Madyana, saha Jaka Mulyana. Tetiga taruna punika makarya ing bebadan peprentahan kabupaten ingkang sami. Semantena gesang saha panggesanganipun mboten sami ing antawisipun setungal lan setunggalipun. Sedaya wau kedadosan karana sanguning gesang ingkang benten saha watak wantu budi pekerti ingkang mboten tuwuh nalika ginulawenthah. Wusana, paraga ingkang setunggal kejeblos ing comberan kanisthan, paraga ingkang angka kalih gesang limrah sakmadya, lan paraga ingkang pungkasan saged mancik ing tataran kautaman gesang.


Kacariyos Raden Hardaka, pinangka paraga sepisan, putranipun Raden Tumenggung Setianegara, sanget dipun ugung dening ramanipun ingkang anjawat bupati. Gesang sarwa sarwi sekeca, sedaya ingkang dipun kersakaken tansah wonten. Pungkasanipun dados lare ingkang keset sinau saha patrapipun klelat-klelet njuwarehi. Ugungan ndadosaken patrapipun Raden Hardaka deksura, kumingsun, saha ugal-ugalan.


Sak surutipun ingkang rama, kalenggahan bupati dipun asta raka pembayunipun. Sewaunipun Raden Hardaka ndherek ingkang raka. Amit saking raos pekewuh, Raden Hardaka sedya misah saking ingkang raka, suwita dhateng ingkang paman ingkang ugi anjawat bupati, asma Raden Tumenggung Kartipradja.


Paraga ingkang angka kalih inggih Jaka Madyana. Wiranem saking padesan anakipun setunggaling guru ngaji. Sareng sampun ngancik yusma kalih windu, ndherek bapa pamanipun ingkang anjawat wedana, asma Gunasaraya. Sedyanipun Gunasaraya, tembe Jaka Madyana dipun dherekaken magang supados dados priyayi. Sedya wau saged kasembadan karana piyambakipun ginulang ing kawruh tata kaprajan lan pepentrahan. Emanipun, Jaka Madyana sok kalimput, kekudhung dhumateng kalenggahanipun wedana Gunasaraya. Kejawi punika karemenanipun tetanen saha nyinau ngelmu agami mboten saged dipun uwalaken saking gesang padintenanipun.


Paraga ingkang angka tiga inggih Jaka Mulyana. Wiranem punika senadyan dedunung ing padesan ananging temenipun putra satunggaling bupati saking garwa selir. Wiwit timur, gesang saha panggesanganipun lumampah kanthi prihatos. Adrenging manah, ing tembe sedya gesang ingkang langkung sekeca. Pambudidaya nggegulang ngelmu katuranggan lan kawaskithan dipun sengkut. Sinengkuyung dening ingkang ibu, pangertosan saha kawegiganipun langkung pinunjul tinimbang lare-lare sanes ingkang sami yuswanipun. Seni tari, tembang, sastra Jawa, basa Melayu, basa Walandi, lan nabuh gangsa dipun pratitisaken. Kepara kedah lumampah tebih saking papan dunungipun namung sedya tumut kursus. Serat-serat ajipamasa, panitisastra, panitisruti, wulang reh, sana sunu, lan wedharaga dipun sinau saestu.


Ringkesing cariyos, tetiga wiranem kalawau saksampunipun ngancik yuswa diwasa sedya suwita dhateng Bupati Kartipradja. Pasuwitanipun tinampi. Tetiga dados magang.


Bidhalipun wiranem tetiga saking papan dunungipun piyambak-piyambak tumuju ing kabupaten, dipun sangoni wejangan dening tiyang sepuhipun. Raden Hardaka dipun wejang dening ingkang raka. Jaka Madyana dipun wejang dening ingkang paman. Jaka Minulya dipun wejang dening ingkang ibu.

Mesthi kemawon isi lan cara mejangipun ing antawis setunggal lan setunggalipun mboten sami. Namung wos ingkang dipun wejangaken wonten emperipun. Umpaminipun, tiyang ingkang suwita ing peprentahan sampun ngantos gadhah penganggep bilih piyambakipun pinangka priyagung, senadyan suwitanipun dhateng sedherek piyambak. Kejawi punika, suwita mekaten kedah dipun tegesi ngawula ingkang kumawula. Sikep kumawula linambaran dening guna, sarana, sekti, wani, lan miturut. Patrapiun linambaran taberi, setiti, ngati-ati, sregep, temen, lan tumemen.


Patrap ingkang kedah dipun awisi dening tiyang ingkang suwita inggih punika, nistha, dustha, culika, dora, drengki, srengkara, lan candhala. Kejawi punika kedah ugi ngawisi kebluk, lebuh, blubuh, kethuh, bariwah, wuru, ulah mbandrek, lan anjejamah. Nilaraken madat, minum, main, madon, lan maling saestu pakarti ingkang sakalangkung minulya.


Wangsul dhateng lajering cariyos serat Trilaksana. Gancaring cariyos, anggenipun sami magang sampun purna. Pramila lajeng katetepaken dados abdi dalem ing kabupaten kartipradjan.


Jaka Mulyana, karana sangu kawegigan, kesagedan, lan bontos ing kawruh, pramila laju inggahing pangkatipun lumintir. Kawiwitan dados mantri, lajeng asisten wedana, wedana, patih, ngantos dados bupati.


Wondene Raden Hardaka lan Jaka Madyana ugi minggah pangkatipun ngantos asisten wedana. Parandene, karana raden Hardaka gesang lan panggesanganipun ingkang ugal-ugalan, patrapipun kumingsun, deksura, lan nglampahi main, madat, minum, madon, lan maling, wusana kalenggahan asisten wedana kapocot.


Jaka Madyana, ingkang wiwit sekawit estu nggegulang ing babagan tetanen lan ngelmu agami, pramila lajeng rumaos mboten trep ngasta ing peprentahan. Wusana lajeng nyuwun lereh saking asisten wedana, wangsul dhateng ndhusun oleh tetanen lan mucal ngaji.


Kautaman ingkang saged dipun pethik saking cariyos serat Trilaksita, bilih tiyang punika minulya gesang lan panggesanganipun karana patrapipun. Tiyang padhe kajen keringan menawi patrapipun sae saha luhur budipekertinipun. Patrap lan luhuring budi gumantung dhumateng kalih prekawis, inggih punika wiji saha panggulawenthah.


Miterat Ki Hadjar Dewantara, wiji sinebat pinangka “dhasar”, wondene panggulawenthah sinebat pinangka “ajar”. Kekalihipun mboten ngawisi setunggal lan setunggalipun. Tegesipun “dhasar” mboten langkung wigati tinimbang “ajar”, semanten ugi kasakwangsulipun. Wijinipun sae, parandene mboten dipun gulawenthah kanthi sae, tangeh lamun badhe sae kedadosanipun. Semanten ugi, panggulawenthah ingkang sae, nanging wijinipun mboten sae, mboten saged dipun pesthekaken badhe sae pungkasanipun. Badhe langkung sampurna bilih “dhasar”-ipun sae, “ajar”-ipun inggih sae.


Kridha njagi wiji saha panggulawenthah supados tetep sae punika yektinipun kewajiban ingkang kedah dipun sangkul dening tiyang sepuh, guru, punapa dene pngarsaning bebrayan.