Laman

Sabtu, 06 Februari 2010

Adiluhung


Serat Wasita Rini :
Pepeling Tumrap Pawestri

Ki Sugeng Subagya

Tanggal 22 Desember 1928 diadani ”Kongres Perempuan Indonesia” sepisan. Kongres mau kaperbawan dening dumadine Kongres Pemuda II tanggal 28 Oktober 1928. Kaum pawestri ing wektu iku gumregah ngadani kongres, dipandegani Nyi Hadjar Dewantara (Wanita Tamansiswa), Ny. Sukonto (Wanita Oetomo), lan Ny. Sujatin Kartowiyono, (tokoh wiranom Puteri Indonesia). Kanggo pepeling prastawa mau, tanggal 22 Desember dipengeti pinangka ”Hari Ibu”. Salugune pemerintah netepke dina pengetan tumrap kaum ibu. Ibu lan pawestri darbe kalenggehan mirunggan.

Kaum ibu darbe sesanggeman abot nanging uga minulya. Saka para ibu diajab lair generasi kanggo lestarine bangsa, panguripan, lan umat manungsa. Luwih saka iku, ibu kudu bisa nglairake lan ngreksa generasi bangsa sing luwih becik. Wiwit bocah mula, mudha taruna, akil baliq, bebrayan sesomahan, terus mbobot cikal bakal keturunane, lan ngulawentah lestarine bale wisma, para ibu nyangkul jejibahan sing ora entheng.
Jejibahan iku kebak ing bebaya kepara nggepok kasengsaran. Para ibu wajib ngreksa jiwa-ragane, tindak-tanduk solah-bawane, kebak ing suba sita supaya dadi tetuladhan sing becik. Ing sadhengah papan lan kahanan, ibu kudu mratelakake luhuring budi, sucining ati, lan beciking pakerti.

Wanita iku kudu ”wani nata”, mula kudu prigel, pinter, cukat, trengginas, lan cekat-ceket. Sawetara iku, wanita uga kudu ”wani ditata”, mula kudu sumaguh, sengguh, setiti, ngati-ati, lan ora mingkuh. Pangaji-aji tumrap para ibu kudu diaturake dening sapa wae. Para kakung, para putra, pemerintah, lan kabeh bebrayan wajib ngaturake pangaji-aji tumrap para ibu.

Wasita Rini
Ing antarane taun 1900 nganti 1930, ana owah-owahan jaman. Nalika iku politik liberal gumanti politik etis. W.F. Wertheim lan The Siauw Giap ngadani panaliten. Masyarakat Jawa, ing mangsa iku sinebut ”rapid development”, yaiku masyarakat kang tatanan sosiale gilir gumanti cepet banget. Mengkono seratane Prof. Darsiti Soeratman, iang Majalah PUSARA, Mei 1985.

Owah-owahan jaman mau tan kena ora mrabawani tumrap tatanan masyarakat sing magepokan karo kalenggahane pawestri. Ing tanah Jawa, akeh para pawestri sing maune ora tepung pamulangan, dadi padha mlebu sekolahan. Kahanan kaya mengkono iku becik tumrap kalenggahane pawestri sing kudu jajar drajate karo para priya. Paling ora, kalenggahane pawestri sing maune asor bisa luwih dhuwur ing tatanan sosial masyarakat. Luwih-luwih bareng Ibu Kartini ngumandhangke ”emansipasi wanita”, tansaya akeh pawestri sing padha mlebu sekolahan. Malah kepara ana lan ora sithik sing sekolah ing manca negara barang.

Politik etis, darbe perbawa becik tumrap emansipasi wanita. Nanging, tumrap para etisi kahanan kang becik mau ditunggangi sedya sinamudana ala. Paling ora, kaum etisi bakal ngowahi tatanan sosial masyarakat Jawa kanggo masarake produk industrine. Tatanan sosial masyarakat diowahi saka masyarakat produktif dadi masyarakat konsumtif. Tumindak konsumtif iku bisa ngrusak urip lan panguripane masyarakat, luwih-luwih kanggo para pawestri. Pawestri Jawa sing maune gemi, setiti, lan ngati-ati tan kurang bejane dadi boros, mubra-mubru, tetuku tanpa petung.
Kasunyatan, kahanan kaya mengkono iku banget mrihatinake. Tindak tanduk lan solah bawane pawestri ora mung ing tataran konsumtif wae, nanging wis magepokan karo kodrat kawatinane sing ora jumbuh. Cekake, emansipasi wis kebablasen.

Kanggo ndhuwa kahanan, Ki Hadjar Dewantara menggalih perlu maringi piwulang mligi tumrap pawestri. Senadyan drajat kelungguhane dhuwur, luwih cukat, luwih wasis, lan bisa murakabi ing samubarang kalir, nanging ora kudu ninggalake harkat lan martabate pawestri pinangka, wanita, ibu, biyung, lan pamong generasi.
Mula iku Ki Hadjar Dewantara nganggit serat ”Wasita Rini” wujud cakepan tembang asmaradana. Mengkene unine;

Jatine Wasita Rini, ing jaman kuna Ian mangkya, yakti tan ada bedane. Karone harsa rumeksa, marang para wanita. Mrih suci miwah rahayu, luputa ing sambekala.

Bedane ing jaman mangkin, kang aran jaman mardhika, saliring dumadi kabeh, sawala marang wasesa, tan karsa piburbeng liyan. Mangkono estri tan purun, ginawe sakarsa-karsa.

Elinga para pawestri, mardhika iku jarwanya, nora mung lepat apngreh, nging uga kuwat kuwasa, amandhiri priyangga, wit saka ikut den emut, wenang lan wajib tan pisah.

Dene kang arane wajib, siyaa barang prakara, miranti lair batine. Nuli wenange tumindak, ing reh sakarsanira, wit sira wus darbe traju, panimbung becik lan ala.

Para wanita kang sami, marsudi ing kamardhikan, wajib weruh ing gatine. Sujana lan kasarjanan, weh mardhikaning gesang, dene kasusilan iku, pager rahayuning raga.


Senggakan/Ompak-ompak :
Heh prakenya kang ulah mardikeng rara, Haywa lali kalane lelangen padha, Ing reh solah tingkah ywa lirweng susila,

Tidak ada komentar:

Posting Komentar